Senin, 11 Agustus 2014

Penjelasan Tembang Pangkur


Pangkur iku salah sijiné tembang macapat kang nduwé watak munggah ndhuwur. Menawi badhé nggayuh kaliyan gepok sénggol kaliyan kasaénan, kita kedah saged nyimpangi, lan sampun saged mungkur. Inggih punika nyimpangi bab-bab inkang damel gendra, damel dredhah, mungkuraken kadonyan. Upama piwulang, iku piwulang kang dhuwur. Upama tresna, iku tresna kang pinunjul. Seka tetembangan iki banjur akèh manéka warna tembang lan gegendhingan kang nganggo jeneng pangkur, antara liya: pangkur jenggleng, pangkur palaran, pangkur lombok, lan liya-liyané. Ing naskah-naskah kuna sing nganggo basa Kawi, pangkur iku salah sijiné pranata paja ing jaman Jawa Kuna. Pangkur, tawan, lan tirip iku kalebu mangilala drawya haji kang ora éntuk mlebu ing tlatah kang dadi sima. Dinuga déning para arkeolog, yèn mangilala drawya haji iku pranata praja kang tinugasan ngurusi pajek. Yèn dideleng ing crita Kèn Arok utawa Kèn Angrok, ana désa kang dadi asalé Kèn Endok, yaiku désa Pangkur. Ing désa iki Kèn Arok nglakoni jaman ciliké. Ana salah sijiné tumpeng kang sinebut Tumpeng Pangkur. Tumpeng iki digawé yèn ana jaka (wong lanang durung nikah) mati. Tumpeng kuwi banjur digawa menyang kuburan. Tembang pangkur ngemu sifat : nepsu kang prihatin. Tembang pangkur rinakit pitung gatra (larik) saben pada (bait) yaiku: 8 – a, 11 – I, 8 – u, 7 – a, 12 – u, 8 – a, 8 – i. Isining tembang pangkur : Tembang pangkur kang dicritakake, lelabuhane tumrap wong urip, kudu ngerti ala lan becik, prayogane ngertenana, adat waton iku kudu dingerteni, lan ana ing tata krama, diupaya awan bengi Tuladha :
               Mangkunagara kaping pat
          Kang puwara nguni datan marsudi
          Mring gunem reh rahayu
          Masalahing suwita
          Mung ngugemi ujar kuna kang tan jujur
          Kabanjur praptaning mangkya
          Piangkuhe angluwihi

0 komentar:

Posting Komentar