Pangkur
iku salah sijiné tembang macapat kang nduwé watak munggah ndhuwur. Menawi badhé
nggayuh kaliyan gepok sénggol kaliyan kasaénan, kita kedah saged nyimpangi, lan
sampun saged mungkur. Inggih punika nyimpangi bab-bab inkang damel gendra,
damel dredhah, mungkuraken kadonyan. Upama piwulang, iku piwulang kang dhuwur.
Upama tresna, iku tresna kang pinunjul. Seka tetembangan iki banjur akèh manéka
warna tembang lan gegendhingan kang nganggo jeneng pangkur, antara liya:
pangkur jenggleng, pangkur palaran, pangkur lombok, lan liya-liyané. Ing
naskah-naskah kuna sing nganggo basa Kawi, pangkur iku salah sijiné pranata
paja ing jaman Jawa Kuna. Pangkur, tawan, lan tirip iku kalebu mangilala drawya
haji kang ora éntuk mlebu ing tlatah kang dadi sima. Dinuga déning para
arkeolog, yèn mangilala drawya haji iku pranata praja kang tinugasan ngurusi
pajek. Yèn dideleng ing crita Kèn Arok utawa Kèn Angrok, ana désa kang dadi
asalé Kèn Endok, yaiku désa Pangkur. Ing désa iki Kèn Arok nglakoni jaman
ciliké. Ana salah sijiné tumpeng kang sinebut Tumpeng Pangkur. Tumpeng iki
digawé yèn ana jaka (wong lanang durung nikah) mati. Tumpeng kuwi banjur digawa
menyang kuburan. Tembang pangkur ngemu sifat : nepsu kang prihatin. Tembang
pangkur rinakit pitung gatra (larik) saben pada (bait) yaiku: 8 – a, 11 – I, 8 –
u, 7 – a, 12 – u, 8 – a, 8 – i. Isining tembang pangkur : Tembang pangkur kang
dicritakake, lelabuhane tumrap wong urip, kudu ngerti ala lan becik, prayogane
ngertenana, adat waton iku kudu dingerteni, lan ana ing tata krama, diupaya
awan bengi Tuladha :
Mangkunagara
kaping pat
Kang puwara nguni datan marsudi
Mring gunem reh rahayu
Masalahing suwita
Mung ngugemi ujar kuna kang tan jujur
Kabanjur praptaning mangkya
Piangkuhe angluwihi
0 komentar:
Posting Komentar